Jelajah
IMG-LOGO
Berita Desa

WONG MONCO MENYANG NDESO

Create By 18 October 2016 1 Views
IMG

SUMBER –  Saben dinten setu saklamine 2 wulan wiwit tanggal 1 Oktober 2016 , Desa sumber kerawuhan mahasiswa monconegari engkang asalalipun saking Norwegia kaliyan Australia. Bendik adree lilimo stormo kaliyan Rebecca Bowles nami mahasiswa  meniko. Pirembakan, Gegojekan kaliyan Tukar Kaweruh pahargyan engang sami dipun lampahi.

Dinten setu kapengker anggenipun pirembakan, ngrembak perkawis bebendu kados kobongan soho piranti woro – woro deso utawi SID, sak bibaripun pirembakan dipunlajengaken mersani kesenian jawi wonten ing adicoro prengetan suran padepokan tjipto budoyo dusun Tutup Ngisor Desa Sumber. Poro wargo sami remen kerawuhan warga negoro manconagari  meniko, katah engkang sami ngajak potret sesarengan. Eko Kalisno ( 30 ) Prabot Desa Sumber ngaturaken bileh dinten sabtu ngajeng tanggal 22 Oktober 2016 wonten lajengan kegiatan meniko, kanti meniko sinten mawon engkang bade derek saget rawuh wonten pendopo balai desa Sumber.

IMG
IMG
IMG